Followers

Rabu, 24 Oktober 2012

NGUMBAH KUCING

Rikun tuku deterjen neng warunge Ratno

Ratno: Kun, dengaren kowe umbah-umbah dewek?

Rikun: Aku arep ngumbah kucing..

Ratno: Ora salah kuwe Kun? *Ratno bingung

Rikun: Iya soale kucingku akeh tumane..

Ratno: Lah ya bisa mati kucingmu Kun..

Rikun: Lah tangggaku wingi kaya kuwe kucinge ya ora papa. Kalem no..

Bar mbayar Rikun bali arep ngumbah kucing.

Ngesuke Rikun tuku rokok neng warunge Ratno

Ratno: Kun kepriwe kucinge ko?

Rikun: Genah mati koh..

Ratno: Lah kuwe.. Tek omongi ora percaya si ko, lah kucing dikumbah karo deterjen si nggo ngapa, mbok ana obat tuma. *sungune Ratno modod..

Rikun: Kucingku mati udu meri deterjene..

Ratno: Lah sih kenang ngapa??!!

Rikun: Tek peres..
Hahahahahaha

Koen lagi maca BLOG NGAPAK BREBESsing judul artikele NGUMBAH KUCING trus koen bisa nemekena artikel kieNGUMBAH KUCING ini dengan URL http://ngapak-brebes.blogspot.com/2012/10/ngumbah-kucing.html, Koen olih nyebarna atau copas jika artikel NGUMBAH KUCING ini ana manfaate kanggo koen kaben, tapi aja klalen sdokoni Link NGUMBAH KUCING sebagai sumbernya.

1 komentar:

  1. kunjungan malam. visit me back ya gan di wwww.wisataumrahhaji.com. Biro perjalanan umroh dan haji plus Baitussalam.

    BalasHapus